Ngapak News

Ngapak News, menghadirkan berita-berita mengenai dunia wong ngapak

  • Home
  • Business
    • Internet
    • Market
    • Stock
  • Parent Category
    • Child Category 1
      • Sub Child Category 1
      • Sub Child Category 2
      • Sub Child Category 3
    • Child Category 2
    • Child Category 3
    • Child Category 4
  • Featured
  • Health
    • Childcare
    • Doctors
  • Home
  • Business
    • Internet
    • Market
    • Stock
  • Downloads
    • Dvd
    • Games
    • Software
      • Office
  • Parent Category
    • Child Category 1
      • Sub Child Category 1
      • Sub Child Category 2
      • Sub Child Category 3
    • Child Category 2
    • Child Category 3
    • Child Category 4
  • Featured
  • Health
    • Childcare
    • Doctors
  • Uncategorized

Jenang Salak Madukara Khas Banjarnegara

 makanan khas   

Wingi ngapaknews wis nei informasi tentang Clorot khas kan Purworejo, siki dwek mabur meng Banjarnegara, yuh mangkat.

Salah siji panganan khas asal Banjarnegara kue jenenge Jenang Salak Madukara. Jenang nang daerah liane selain Banjarnegara rata-rata digawe anggo tepung terigu, tapi beda karo jenang kan aring Banjarnegara jenang di gawe bahan dasare kan aring salak.

Read More
  • Share This:  
  •  Facebook
  •  Twitter
  •  Google+
  •  Stumble
  •  Digg

CLOROT KHAS PURWOREJO: NANG NGAPAKNEWS

 makanan khas   

Clorot khas Purworejo

Siki dwek mbahas daerah purworejo, nang postingan wingi wis di posting panganan khas kan Kebumen Lanting karo sate ambal terus kan aring Cilacap Jambal Roti. Siki dwek mampir meng kota Purworejo, ana sing unik kan aring Purworejo, yakue Clorot. Clorot kue semakam ‘jenang’ sing digawe kan aring tepung beras dicampur gula jawa, santen krambil, garem, karo godong pandan men aromane makyus. Adonan Clorot dilebokna meng wadah sing digawe kan aring janur godong wit krambil terus dibentuk merucut. Gulih masak carane adonan clurut sing wis di lebokna janur dikukus.
Read More
  • Share This:  
  •  Facebook
  •  Twitter
  •  Google+
  •  Stumble
  •  Digg

JAMBAL ROTI KHAS CILACAP

 makanan khas   

JAMBAL ROTI KHAS CILACAP

Jambal roti? Roti apa kue? Enak ora wa? Aja salah sit, Jambal roti walopun jenenge ana kata ‘ROTI’ne tapi udu termasuk keluagane roti-rotian. Jambal roti ternyata kue jenis iwak asin ato gesek. Jambal roti kue salah sijine jenis iwak asin sing wis banget dikenal nang daerah pangandaran. Jambal roti kue termasuk hasil fermentasi garam sing di gawe kan aring iwak Mayung (Arius Thalassinus).

Istilah jambal roti menurut keteranganne kan aring bakul-nakul iwak khususe nang Pangandaran, Pekalongan, Cirebon karo Cilacap umumme, jambal roti kue nek digoreng apa dimasak kuah gampang rusak kaya roti nek kena banyu. Iwak gesek jambal roti kue sangat-sangat bergizi, ndueni kandungan protein duwur, tur diproses anggo cara alami, profesional seorang nelayan, tur higenis. Aman buat koe-koe sing arep hidup sehat. :D



Ana macam-macam cara pengolahan iwak mayung men isa dadi gesek Jambal Roti, yakue:

1. Penggaraman kering, iwak diawur-awuri garem krokos (garem kasar)

2. Penggaraman basah, yakue carane larutna banyu garem sit nang wadah terus iwak direndem nang njerone

3. Penggaraman kombinasi, yakue carane iwak di awur-awuri garem krokos bar kue di rendem nang larutan garem.

4. Biasane men kualitas iwak jambal roti semakin apik, ditambahna bawang putih tumbukan, nggo bahan pengawet alami.

5. Perendaman bisa nganti 2-3 dinanan.

Sewise meliwati proses perendaman karo awur-awuran garem, gari proses pengeringan. Tujuanne dikeringna men kadar banyu nang iwak berkurang, karo men mikroba lan enzim sing nggawe busuk ora isa tumbuh.

Pengeringan iwak jambal roti isa anggo alat pengering tenaga surya karo alat pengering mekanis. Tapi rata-rata sing dilakoni nang pengolah anggo sinar matahari langsung, istilaeh dipe. Anggo cara dipe nang ngisor sinar matahari langsung dianggep praktis tur murah.



Sekian informasi dari ngapaknews, moga bermanfaat kanggo sedulur-sedulur kabeh. Salam ngapak, ora ngapak ora kepenek. Nek ora kepenak ya pijetan.

Nek umpama pemirsa sedoyo ajeng kirim artikel anggo bahasa ngapak, terserah isine, sing penting ora mengandung saru, sara lan ora patut waca cah cilik. Isa kirim email nang arcxland@gmail.com utawa kirim meng fb ku nang https://www.facebook.com/hakim.b.nur
semoga bermanfaat, wasalammualaikum wr.wb. ngapaknews

posting liane sate ambal


Read More
  • Share This:  
  •  Facebook
  •  Twitter
  •  Google+
  •  Stumble
  •  Digg

LANTING: NANG NGAPAKNEWS

 makanan khas   

LANTING?? APA KUE? AYO SAPA SING NGERTI??

BETUL SEKALI… HAHA

Betul banget lanting kue panganan asli daerah kabupeten kebumen. Lanting digawe bahan dasare kan aring bodin (singkong). Panganan renyah kie khas Kebumen, sing tepate khas daerah kecamatan Kuwarasan terutama desa Lamahduwur nang kecamatan Karangngayar sing dadi tempat produksine.

Lanting bentuke khas, bentuke kaya angka 8 dadi bisa nggo maraih angka nggo putra-putrine bapak-ibu nang ngumah. Lanting kue termasuk makanan ringan, nek nang kebumen biasa di nggo pacitan nek ana tamu meng ngumah. Rasa lanting gurih renyah, bisa nggo kletikan pas ngumpul nang pos ronda, panganan pas nang mobil nek agi mudik, ato nek seneng isa nggo lawuh nek maem. Pokomen lanting bisa di nikmati di segala tempat dan segala suasana.



Awale rasa lanting sing paling primitif kue rasa bawang (kie rasa favoritku) tapi sejalanne perkembangan jaman, rasa sing di suguhna nggo calon pembeli dadi bermacem-macem, ana rasa jagung bakar, rasa keju, rasa pedas gurih, rasa sapi panggang dan lainne. Silahkan pilih rasa sing paling disenengi nang njenenga

Sekian informasi dari ngapaknews, moga bermanfaat kanggo sedulur-sedulur kabeh. Salam ngapak, ora ngapak ora kepenek. Nek ora kepenak ya pijetan.

Nek umpama pemirsa sedoyo ajeng kirim artikel anggo bahasa ngapak, terserah isine, sing penting ora mengandung saru, sara lan ora patut waca cah cilik. Isa kirim email nang arcxland@gmail.com utawa kirim meng fb ku nang https://www.facebook.com/hakim.b.nur

budayakan membagi ilmu bermanfaat nggo generasi penerus bangsa.
semoga bermanfaat, wasalammualaikum wr.wb. ngapaknew

posting liane sate ambal khas Kebumen

Jambal Roti khas cilacap

aja bosen-bosen mampir ya nang kene
Read More
  • Share This:  
  •  Facebook
  •  Twitter
  •  Google+
  •  Stumble
  •  Digg

SATE AMBAL: NANG NGAPAKNEWS

 makanan khas   

SATE AMBAL.



Nangaring kuping rata-rata wong gelem-gelem jeneng panganan kue mandan asing, ora kaya sate madura apa sate padang. Tapi, jal takon aring wong Kebumen sekitare, koe bakal di tidokna panganan khas kabupaten kebumen “Sate Ambal”

Jeneng Ambal dijiot kan aring salah siji kecematan nang kebumen sing dadi asal panganan enak kie lair. Nah, nek umpamane njenengan liwat daerah kebumen, isa mampir ngaso disit nggp nyicipi sate Ambal sing due cita rasa beda kan aring sate ayam liane.

Pusat warung sate Ambal ana nang dalan Daendels (jalan sing jaman mbien di gawe nang wong wong landa jenenge Daendels), nek wong kono nyebute dalan Raya Sumber Jetis utawa jalur selatan kebumen nggo meng jogja.

Apa sing khas kan aring SATE AMBAL?

Wangi rempah?, ya, kie termasuk sing nggawe sate ambal beda kan aring sate liane. Sedurunge dibakar, daging pitik (ayam) di rendem 3 jam nang aring sanga (9) macem rempah-rempah. Bumbu rempah-rempaeh kue antara lainne, pala, merica, tumbar, jae, brambang, bawang, garem, karo gula jawa.

Mangkane, sate ambal nek umpama disantap ora anggo sambel ato tambahan liane, kue wis krasa spicy alias wis berbumbu karo rasa legi campur guring, makyus pokoke. Ulegan aroma pala, lengkuas, jae, karo kunyit nggawe sate ambal mambune wangi tur lezat. Daging ayamme empuk, karo bumbune bener-bener ngresep meng njero daging. Hmm…

Apa sambele khas kan aring sate ambal?



Sambel ato saus sing di suguhna bareng sate ambal kue lain dari pada yang lain, bener-bener khas ora ana duanya. Saus sate ambal bahan dasare tempe, beda kan aring sate liane sing berbumbu dasar kacang. Tempe di tumbuk alus bareng karo sisa rempah rendaman daging ayam, ditambaih lombok karo bawang goreng, mantap.

Hmm…. Enak to, mampir bae nek umpama liwat Kebumen, mbok agi turing apa wisata terus liwat daerah Kebumen dan sekitare.

Sekian berita tentang sate ambal khas daerah Kebumen. Enteni bae berita-berita liane nang aring Ngapaknews
aja bebeh mampir nang kene, tek hadirna berita-berita sing manfaat anggo bahasa ngapak sing kepenak. Salam ngapak….

Sekian informasi dari ngapaknews, moga bermanfaat kanggo sedulur-sedulur kabeh. Salam ngapak, ora ngapak ora kepenek. Nek ora kepenak ya pijetan.

Nek umpama pemirsa sedoyo ajeng kirim artikel anggo bahasa ngapak, terserah isine, sing penting ora mengandung saru, sara lan ora patut waca cah cilik. Isa kirim email nang arcxland@gmail.com utawa kirim meng fb ku nang https://www.facebook.com/hakim.b.nur
semoga bermanfaat, wasalammualaikum wr.wb. ngapaknews
Read More
  • Share This:  
  •  Facebook
  •  Twitter
  •  Google+
  •  Stumble
  •  Digg
Postingan Lebih Baru Beranda

Popular Posts

  • Jenang Salak Madukara Khas Banjarnegara
    Wingi ngapaknews wis nei informasi tentang Clorot khas kan Purworejo , siki dwek mabur meng Banjarnegara, yuh mangkat. Salah siji pangan...
  • CLOROT KHAS PURWOREJO: NANG NGAPAKNEWS
    Clorot khas Purworejo Siki dwek mbahas daerah purworejo, nang postingan wingi wis di posting panganan khas kan Kebumen Lanting karo sat...
  • SATE AMBAL: NANG NGAPAKNEWS
    SATE AMBAL. Nangaring kuping rata-rata wong gelem-gelem jeneng panganan kue mandan asing, ora kaya sate madura apa sate padang. Tapi, jal ...
  • JAMBAL ROTI KHAS CILACAP
    JAMBAL ROTI KHAS CILACAP Jambal roti? Roti apa kue? Enak ora wa? Aja salah sit, Jambal roti walopun jenenge ana kata ‘ROTI’ne tapi udu ter...
  • LANTING: NANG NGAPAKNEWS
    LANTING?? APA KUE? AYO SAPA SING NGERTI?? BETUL SEKALI… HAHA Betul banget lanting kue panganan asli daerah kabupeten kebumen. Lanting diga...

Recent Posts

Categories

  • makanan khas

Unordered List

Pages

  • Beranda

Text Widget

Blog Archive

  • ▼  2014 (5)
    • ▼  April (5)
      • Jenang Salak Madukara Khas Banjarnegara
      • CLOROT KHAS PURWOREJO: NANG NGAPAKNEWS
      • JAMBAL ROTI KHAS CILACAP
      • LANTING: NANG NGAPAKNEWS
      • SATE AMBAL: NANG NGAPAKNEWS

Sample Text

Copyright © Ngapak News | Powered by Blogger
Design by Hardeep Asrani | Blogger Theme by NewBloggerThemes.com | Distributed By Gooyaabi Templates